TEMBUNG PEPINDAN
  Pepindhan  ; Asale saka tembung pindha yaiku : Unen-unen kang duwe teges  Gegambaran,   pindha, lir, kadi, kadya, kaya, seperti, memper.     A  01. Abang kumpul pådhå abang - kåyå alas kóbóng  02. Abangé - kåyå gódhóng katirah  03. Agungé - kåyå samodra rób  04. Akèhé pêpati - kåyå babadan pacíng  05. Akèhé pêpati - kåyå sulúng lumebu gêni  06. Akèhé lêlara - kåyå kêna pageblúk  07. Ali-aliné - nggunúng sapikúl  08. Alusé - kåyå sutra  09. Antêngé - kåyå têmantèn ditêmókaké  10. Ayuné - kåyå Dèwi Ratíh         B  11. Bagusé - kåyå Bathårå Kamåjåyå  12. Bangoné - awangun gêdhang salirang  13. Banteré - kåyå angin  14. Bêbêdané - ngadhal mèlèt  15. Bédané - kåyå bumi karo langít  16. Bêgjané - kåyå nêmu êmas sakêbo  17. Bêgjané - kåyå nêmu cêmpaka sawakúl  18. Bungahé - kåyå kêtiban ndaru         C  19. Cahyané bingar - kåyå lintang johar  20. Cahyané nglêntríh - kåyå rêmbulan karainan  21. Cêp klakêp - kåyå óróng-óróng kêpidak  22. Cêthilé - kåyå cinå craki  23. Cumlórót - kåyå lintan...